Raosaken pengalaman obrolan ingkang benten. Fitur-fitur ingkang sampun sampeyan apal dipepaki kaliyan keamanan ingkang mboten sampeyan kinten.
Punika alasan punapa Signal ngrupikaken aplikasi pesan ingkang sederhana, migunani, uga aman
Enkripsi end-to-end paling enggal (dioperasiaken dening Signal Protocol™ ingkang sumberipun kebikak) supados obrolan sampeyan tetep aman. Tiyang-tiyang ing Signal mboten saged maosi pesen uga telepon sampeyan, tiyang benten ugi mboten saged. Privasi sampeyan sanes namung pilehan — nanging sampun dados caranipun Signal njangkah. Kapan mawon, kangge saben telepon lan pesen.
Unjukaken pesen suwanten, teks, foto, video, GIF, uga file sampeyan sacara gratis. Signal ngginakaken koneksi data telepon sampeyan supados mboten enten biaya SMS utawi MMS.
Telepon tiyang-tiyang ing benten kitha ngginakaken video lan audio ingkang cetha, telepon dhateng beda samudra tanpa biaya amargi jarak ingkang tebih.
Dadosaken obrolan sampeyan langkung ngugemi ngangge stiker ingkang dienkripsi. Sampeyan ugi saged ndamel uga ngunjukaken paket stiker sampeyan piyambak.
Ginakaken obrolan grup supados tansah kehubung kaliyan kulawarga uga rencang-rencang.
Ing Signal, mboten enten iklan, panyade ingkang berafiliasi, uga pelacak ingkang medeni. Dados sampeyan saged ngunjukaken momen istimewa kaliyan tiyang-tiyang ingkang sami istimewanipun sacara aman.
Signal ngrupikaken ladosan independen ingkang nonprofit. Mboten enten ikatan kaliyan perusahaan teknologi ageng, utawi saged ditumbas kaliyan perusahaan kasebut. Pengembanganipun ditumindakaken kaliyan dana hibah uga sumbangan saking panggina kados sampeyan.
Sumbangaken datheng Signal